Jeneng Yudhistira,
ing crita Jawa, asline dianggo dening raja jin ing alas Mertani. Ing lakon Babad
Alas Mertani, Pandhawa kasil ngalahake jin-jin ing alas kuwi. Yudhistira
manjing ana ing ragane Puntadewa, pembarepe Pandhawa. Jeneng Yudhistira luwih
kondhang dienggo dening Puntadewa kang banjur dadi raja ing [[Amarta[[, Indraprasta,
iya Cintakapura,
utawa Batanakawarsa,
sing tilas alas Mertani.
Ing Mahabharata,
Yudhistira (utawa tinulis Yudisthira) iku ya Puntadewa dhewe. Dheweke lair saka
bun-bunan Dewi Kunti, mula saka iku dijenengi Puntadewa kang tegese
punjering kaluhuran. Yudhistira dhewe maknane raja prajurit. Ing Mahabharata,
Pandhawa duwe bojo kang padha, yaiku Dewi Drupadi (poliandri). Nanging ing wayang,
Drupadhi iku bojone Puntadewa. Seka jejodhoan iki nuwuhake Pancawala.
Ing padhalangan,
Puntadewa iku putra pembarepe Prabu Pandhu Dewanata (ratu Astina) lan Dewi
Kunti. Dasanamane Yudhistira yaiku, Darmakusuma, Darmaputra, Darmaraja,
Darmawangsa, Wijakangka(Dwijakangka), Gunatalikrama,Samiaji, lan Sang Ajathasatru.
Miturut layang Mahabharata,salugune Puntadewa putrane Bathara Dharma, dewane
keadilan, srana Bathara Dharma manunggalake rasane karo Dewi Kunthi kang mateg
dayane aji Adityahredaya (yen miturut padhalangan "mateg aji Panggendaming
dewa" kang aran Puntawekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa Lawanan). Rehne bab
mau rinasa kurang trep ing bebrayan Jawa, mula dening para pujangga kita banjur
diowahi, di jumbuhake laro tuntunan budaya Jawa lan kapribaden Jawa kang isine
yane peputra ora karo bojone dhewe kuwi klebu tumindak sing nistha. Mulane ing
crita padhalangan, Puntadewa iku putrane Prabu pandu, ratu ing Astina
(Ngastina) lan Dewi Kunthi, dene Bathara Dharma kuwi dadi bapa angkate, kang
uga banjur manitis ana anggane untadewa. Mula saka iku, Puntadewa uga sinebut Darmakusuma.
Garwa prameswarine Prabu Puntadewa iku mung siji, Dewi Drupadi, putrine Prabu
Drupada, ratu ing negara Pancala iya Cempala. Karo Dewi Drupadi banjur peputra
siji aran Pancawala.
Ing versi Mahabharata India, Yudhistira pinter olah kaprajuritan lan gagah
nalika perang. Yudhistira iku artine raja prajurit. Nanging ing crita Jawa,
Yudhistira iya Puntadewa iku kondhang kadidene titah ludira seta. Kang mengkono
mau kagawa saka watake sing jujur, salawase urip ora gelem dhora (ngapusi.
Dhemen tetulung kepara apa sing didarbeki yen dijaluk wong liya diwenehake.
Mula Puntadewa uga kondhang sinebut manungsa lega donya lila ing pati.
Minangka tuladha, ing lakon
Indrajala Maling (lakon carangan), Prabu Puntadewa ditembung dijaluk patine
kanggo numbali wewalak ing negara Buluketiga. Sang Prabu ya
manut. Dhirine dipasrahake. Ngenani wewatakane paraga siji iki, oncek-oncekane
utawa anggone ndudah kudu permati. Awit akeh bab-babe sing rasane angel
ditrapake ing sajroning penguripane wong sawantah.
Ing lakon Baratayuda,
Prabu Puntadewa tetep nglenggahi watake sing ora gelem ngapusi. nalika Pandhita
Durna madeg senopati agung, kabeh Pandhawa rumangsa bingung. Sebab, dikaya
ngapaa wae Pandhita Durna kuwi gurune Pandhawa. Apa iya murid arep wani marang
gurune ?
Untung Prabu Kresna ora
kurang iguh pertikele. Terus sing didhawuhi ngadhepi Pandhita Durna iku putra
Pancala, Raden Dhresthajumena.
Kresna mung dhawuh marang Werkudara supaya merjaya gajah titihane senopati
pengampinmg (Prabu Prameya) kang aran Gajah Esthitama. Sawise
gajah kelakon mati dikepruk gada Rujakpolo, kabeh
wadya Pandhawa banjur kadhawuhan alok yen Esthitama mati. Pamirenge Pandhita
Durna sing mati mau Aswatama. Mula Pandhita Durna banjur nglumpruk otot
bebayune, kaya wis kelangan daya. Kanthi ati sing bingung, urna banjur takon
mrana-mrene, kalebu marang para panakawan, marang Werkudara, arjuna, Nakula, sadewa,
lan sapiturute. Kabeh anggone mangsuli padha gelem dhora yen Aswatama pancen
mati. Durna akhire takon marang Puntadewa. bareng ditakoni kaya mengkonmo mau
mesthi wae Sang Prabu bingung banget, mosok arep goroh ?
Dibisiki karo Prabu
Kresna yen kala-kala wong kena goroh sethitik-sethitik ora apa-apa, nanging
Puntadewa tetep puguh ora gelem goroh. Kresna golek cara liya, supaya anggone
matur marang Durna nalika ngucapake tembung ësthi"sing lirih banget wae,
dene anggone ngucapake tembung "tama"sing cukup sero.
Tenan, diucapake dening
Prabu Puntadewa ngono kuwi. Saka pangrungune Pandhita Durna, Aswatama mati,
mula Durna banjur nglumpruk ing sangarepe Puntadewa, ning Sang Prabu banjur
digandheng Kresna sumingkir saka papan kono. Karimijen tanpa daya, Durna
ketekan Dhresthajumena kang wis kepanjingan yitmane Prabu Ekalaya iya Palgunadi
kang pingin males ukum. Kanthi pedang ligan, Pandhita Durna ditigas janggane,
satemah pralaya.
Prabu Puntadewa sing
sabar tur banget lila-legawa pambegane iku tau diapusi Kurawa lumantar Patih
Sangkuni srana kasukan main dadu kanthi totohane negara. Satemah para Pandhawa
sakadang kudu gelem nglakoni dadi wong buangan ing alas suwene 12 taun. Ing
pakeliran pusakane kang asring dadi kembang lambe dhalang yaiku Jimat
Kalimasada Pustaka Jamus. Ana uga Payung Kyai Tunggulnaga lan tombak
tumbak Kyai Karawelang, lan sangsangan robyong (tilarane Prabu Yudhistira, ratu
Mertani) kang dayane, menawa Puntadewa nesu lan astane nganthi nyeggol kalung
iki, sanalika sarirane salin wujud dadi brahala utawa buta kang gedhene
sagunung anakan kanthu kulit putih kang apraceka Dewa Amral
iya Dewa Mambang.
Ing pungkasaning crita,
Puntadewa munggah swarga bareng karo sedulur-sedulure. Puntadewa bareng karo
asune moksa sing pungkasan. Tinimbang Pandhawa liyane, raja iki luwih resik
atine. Ora kumalungkung, ora sok kuwasa, jujur, lan ngugemi agama kanthi
ngati-ati.
Ing sorga, Puntadewa ora
trima amarga sedulur-sedulure padha mlebu neraka. Dheweke njaluk supaya melu
mlebu neraka. Kamangka, para Kurawa malah enak-enak ana surga. Jebul kuwi mung
sawetara. Pandhawa kudu nglebur dosa dhisik sawetara banjur mlebu surga. Dene
Kurawa bisa ngrasaake endahing surga amarga ana sawetara kabecikan, nanging ora
akeh. Sawise Kurawa ngrasakake sorga banjur dilebokake ana ing neraka.
Sumber : http://jv.m.wikipedia.org