Toturial Ms. Exel

21 Maret 2014

Punakawan





Punakawan utawa panakawan iku sebutan kanggo para pamomong (pangiring) para ksatria ing wayang. Punakawan biasanè metu nalikane wayah goro-goro.

Umume panakawan metu ing pagelaran nalika gara-gara, yaiku ngepasi tengah wengi nalika kahyangan ora tentrem lan ndonya kaya obah ngadhepi prahara. Iki katilik seka pangucap dhalang,"bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap". Panakawan kang kondhang ing tanah Jawa yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang liyane kang dijupuk seka Indhia, panakawan asli seka Jawa.

Saliyane iku, ana uga Togog lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa negara-negara sebrang lan Kurawa. Dene emban kraton kang dadi pameling para putri yaiku Cangik lan Limbuk. Punakawan duwè karakter kang manéka warna.

Punakawan ing Crita-Crita Jawa

Wayang Purwa
Ing Wayang Purwa, panakawan sing dienggo ing tlatah Jogjakarta lan Surakarta nganggo Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Ana kalane, dhalang Surakarta ora gelem nganggo Bagong lan diganti nganggoCenguris kang asring dienggo nalika jaman kasultanan Pajang. Ilange Bagong iki magepokan karo Pakubuwana III (1749-1788) kang ewuh marang tingkah lakune. Bagong asring dienggo dhalang kanggo ngritik marang apa kang kelakon. Nalika kuwi, sunan iki cedhak karo Walanda.

Ing Jawa Wetan, ana uga dhalang kang ora nganggo Gareng lan Petruk. Ing kene, Bagong uga diganti nganggo Besut, kang wujude kaya Bagong nanging cilik. Ora kaya Bagong kang dumadi seka wewayangane Semar, Besut digawe seka taine. Besut uga sok disebut Besep utawa Besil.

Ing Banyumas, Bagong disebut Bawor. Ing kene, Bagong dudu anak ragil nanging pambarep.

Wayang Golek Sundha
Ing Jawa Kulon, utamane ing wayang golek, panakawan kang dienggo yaiku Cepot utawa Astrajingga. Cepot iki pembarepe Semar. Kaya dene Bagong, Cepot uga dienggo srana kanggo ngritik. Saliyane Cepot, ana uga Udawala lan Udel kanggo lengkap-lengkapan.

Wayang Cirebon lan Kuningan
Ing panggonan kang dianggep pusat panyebaran Islam iki, panakawane ana akeh. Panakawane yaiku: Semar, Udawala, Gareng, Bagong (Bawor), Bitarota, Ceblok, Cungkring, Bagalbuntung, Curis. Cacah sanga iki dianggep pralambang Wali Sanga.

Wayang Betawi
Ing Betawi, panakawan nduwe kalonggaran. Seka adhat, Betawi cedhak karo Sundha. Nanging ana kalane panakawane dicampur. Ana Cepot kang bisa nembang lagu-lagu Sundha, lan ana Gareng kang nembang lagu-lagu Jawa.

Crita Panji
Ing Crita Panji, panakawane: Jurudeh lan Prasanta, Bancak lan Dhoyok, Sabdapalon lan Nayagenggong, sarta Sebul lan Palet utawa Penthul lan Tembem. Jurudeh, Bancak, lan Sabdapalon iku titisane Hyang Ismaya.

Wayang Bali
Ing Wayang Bali, panakawan kang dienggo yaiku Tualen (Semar), Merdah, Sangut, lan Delem. Karakterè kaya penasihat para ksatria, penghibur, kritisi sosial, badut uga dadi pusatè kebenaran lankebijakan. Ana ing wayang indonesia punakawan ana Semar, Gareng, Bagong, lan Petruk. Ana ing wayang bali karakter punakawan ana Malen lan Merdah (abdi saka Pandawa) lanan Delem lan Sangut(abdi saka Kurawa).


Peran Punakawan

Tembung Punakawan asale saka tembung pana kang ateges "paham", lan kawan kang ateges "kanca". Tegese yaiku para panakawan kuwi ora mung dadi tok, nanging uga bisa ngerteni apa kang dialami majikane. Kadang kala punakawan uga dadi penasihat para majikane kuwi. Sing dadi khase saka punakawan yaiku punakawan dadi dagelam ana ing tengah-tengah ing antarane cerita wayang. Tingkah laku lan omongane para punakawan mesti bisa gawe guyu sing nonton.

Tokoh Punakawan
  1. Semar. Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda. 
  2. Gareng. Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja.Nalagareng yaiku wong kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu. 
  3. Petruk. Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke. Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk uga pinter omong lan lucu. Gareng nyindir karo guyonane kang khas. 
  4. Bagong. Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah. Bagong iku ateges layangan saka semar.Bagong duwe sifat lancang lan seneng berlagak goblok lan lucu. 

Pralambang

Paraga Semar wiwit metu ing Kakawin Gatotkacasraya kang kaangit dening Empu Panuluh. Semar kang isih sedulur karo Bathara Guru dianggep paraga asli Jawa. Semar kaya dene pralambang rakyat, lan Bathara Guru iku panguwasa.

Ing Kitab Tantu Panggelaran kang kira-kira tinulis abad XV, asal-usule Semar, Togog, lan Bathara Guru diwejang. Ing kene tinulis telung kedadeyan pisanan ing ndonya yaiku dadine bumi lan langit. Keloro, dadine teja (cahya). Ketelu, dadine Manik lan Maya. Manik dadi Bathara Guru lan Maya dadi Semar.

Ing Paramayoga tulisane Raden Ngabehi Ranggawarsita, kadadeyan dadine Manik lan Maya iku uga dadi telu. Ana endhog kang cinipta. Kulite dadi Bathara Hantaga utawa Tejamantri (Togog). Sing putih dadi Bathara Ismaya, lan kuninge dadi Bathara Guru.

Hantaga lan Ismaya banjur rebutan tahta kahyangan. Banjur, wong loro iki adu kekuatan nguntal gunung. Hantaga mung bisa nguntal tekan cangkem, mula cangkeme dadi amba. Semar bisa ngeleg nanging wetenge dadi gedhe. Sang Hyang Wenang banjur murka. Togog dikon dadi pamomong para raseksa kan nduwe utek ala, dene Semar dadi pamomong satriya. Dhampar (tahta) kahyangan tiba ing tangane Bathara Guru.

Adhedasar kadadeyan iki banjur panakawan dadi pamomong lan seksi. Semar lan Togog dikon dadi seksi nganti pungkasane jaman. Lumrahe seksi kang paling ora wong loro, Togog karo Semar diwenehi kanca. Mula saka kuwi, punakawan iku ana loro utawa luwih.




Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/