Toturial Ms. Exel

21 Maret 2014

Semar



Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan. Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten karuwan. Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka. kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.

Asal-usulipun Semar

Miturut Hazeu, Semar menika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanés saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli. Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar nggadhahi pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa.

Wonten maneka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Ananging sedaya nyebataken bilih Semar menika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang namanipun Sanghyang Tunggal lan Sanghyang Wenang. Saking Sanghyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru. Sanghyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sanghyang Tunggal gantos asma dados Semar).

Pagesanganipun Semar

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih Semar menika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa).

Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Déwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar. Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan menika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.

Semar menika titisanipun Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara menika keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.



Sumber : http://jv.m.wikipedia.org