Toturial Ms. Exel

22 Maret 2014

Cakil




Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita Mahabharata vèrsi Jawa. Lumrahé metu nalika satriya metu, yaiku sawisé gara-gara. Ing pérangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artiné pemudha seka gunung, lan lumrahé sing dadi tandhingé cakil nganggo jeneng "Bambang". Kayata: Bambang Irawan utawa Bambang Arjuna. Nanging ora mesthi tandhingané Cakil kuwi nganggo jeneng Bambang.

Ora ana jeneng kang pesthi kanggoné Cakil. Umumé nganggo jeneng Ditya, kang artiné buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyané, tangan wayang Cakil bisa diobahké kabèh, kiwa utawa tengen. Untuné sing sisih ngisor luwih maju.

Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang uwong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.
Larah-larahané

Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa. Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala ''Tangan Yaksa Satataning Janma'' utawa taun 1552 Çaka yen dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa pemerintahan Sultan Seda Krapyak. .


Perang Kembang

'''Perang Kembang''' utawa '''Perang Begal''' yakuwi adegan perang utawa campuh antarane Buta Cakil karo satriya. Gigambarake Sang Satriya kang lagi liwat tengah wana dietut karo abdi-abdine Panakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong kapeksa kandeg lakune amarga dicegat dening Buta Cakil. Buta Cakil takon marang sang Satriya, jengen, saka tlatah ngendi, lan ana perkara apa nganti wani liwat wana kono. Takon pitakon lumaku saur manuk, nanging Buta Cakil ngotot dene sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono, amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.. Adegan Perang Kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang mulai ngidhak kadhewasan.


Sipat


Buta Cakil nduweni sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, matane kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yen Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. suarane sing keméng, omonge sing gagap, wetenge sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu. . Kejaba kuwi Buta Cakil dilambangake mawa werna kuning utawa sipat Supiyah, yakuwi sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan.


Filosofi

Buta Cakil nggambarake nepsu manungsa. . Nepsu manungsa kaperang dadi papat yakuwi, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah. . Campuh antarane Satriya lan Buta Cakil yaiku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhewe lan sing bisa mateni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.

Buta Prepat
Buta Prepat kuwi Buta cacah papat kang ditugasi njaga tapel wates kraton. Kang kalebu bala Buta prepat yakuwi.
  • Buta Cakil
  • Buta Terong
  • Buta Rambut Geni
  • Buta Pragalba

Dasanama
Kayadene paraga wayang liyane, Buta Cakil uga nduweni Dasanama utawa alias yakuwi
  • Ditya Kala Gendir
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Klantang Mimis
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Lintring
Ditya aneng wayang tegese Tumenggung, Buta Cakil asring dadi Tumenggung (pimpinan} Buta Prepat

Wanda

Wanda utawa ekspresi Buta Cakil kaperang dadi papat.
  • Wanda Kikik utawa Benceng
  • Wanda Bathang utawa Cicir
  • Wanda Naga
  • Wanda Udalan


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org