Toturial Ms. Exel

19 Maret 2014

Arjuna


Arjuna (Sangskreta Arjuna) iku sawijining paraga sajroning wiracarita Mahabharata. Miturut crita padhalangan, Arjuna iku putra Prabu Pandhudéwanata, ratu Astina, klawan Dèwi Kunthi sing angka telu. Mula saka kuwi, Arjuna banjur sinebut satriya "Panengah Pandhawa". Sedhuluré nunggal rama lan ibu ana loro, yaiku Puntadéwa (Yudhistira) lan Werkudara (Bima). Déné, sedulur nunggal rama séjé ibu ana loro, yakuwi Nakula (Pinten) lan Sadewa (Tangsen). Kabèh putrané Pandhu iku disebut Pandhawa, saka linggané tembung Pandhu lan Hawa kang tegesé anak. Dadi cethané tembung Pandhawa iku tegesé anak Pandhu. Déné yèn miturut layang Mahabharata, Arjuna iku saluguné putrané Bathara Indra kang miyos saka Dèwi Kunthi srana Dèwi Kunthi mateg aji panggendhaming déwa aran Adityahredaya (miturut Mahabharata) utawa aji Punta wekasing Rasa Tunggal Sabda tanpa lawanan (miturut pedhalangan) paringané Resi Druwasa. Mula Arjuna uga sesilih Indratanaya kang tegesé putrané Bathara Indra. Kasatriyané Arjuna ana ing Madukara, patihé asma Surata (patih Rata).

Dasanamané Arjuna     
  • Janaka
  • Kiritin/Walikithi
  • Parta
  • Pritaputra
  • Permadi/Pamade
  • Dananjaya
  • Kumbalyali (ing padhalangan asring disebut Kumbang Ali-Ali)
  • Ciptaning Mintaraga (ing lakon Begawan Ciptaning)
  • Pandusiwi/Pandhuputra
  • Indratanaya
  • Jahnawi
  • Palguna
  • Danasmara
  • Margana
  • Gudhakesa
  • Wibatsuh
  • Kandhi Wrahatnala (nalika nylamur laku dadi banci)

Sifat Arjuna

Wayang saged dados sarana nggambaraken watak lan karakter manungsa. Ing cariyos Mahabharata, wonten tokoh wayang ingkang nggadhahi sipat ingkang ala lan becik. Ingkang becik inggih menika golongan Pandhawa, lan ingkang ala inggih menika golongan Kurawa. Tokoh Pandhawa menika Yudhistira, Bima, Arjuna, Nakula lan Sahadéwa. Nanging Pandhawa ugi nggadahi sipat ingkang kir ang becik, kadosta Arjuna.
Arjuna menika putranipun Prabu Pandhu kaliyan Dewi Kunthi, lairipun Arjuna menika kanthi mantra Adityahreda. Lajeng Arjuna lan sederekipun merguru kaliyan Drona. Kasilipun merguru kaliyan Drona menika Arjuna dados kesatria ingkang pinter manah lan nggadhahi sipat ingkang tansah asih, remen tetulung, mancalaputra mancala putri sekti tanpa aji-aji, nglurug tanpa bala.
Arjuna ugi nggadehi sipat satriya lan nepati janji, mula Arjuna nate ngukum diri ngantos 10 taun wonten ing alas. awit saking sipat satriyanipun Arjuna dipunsebat Lelananging Jagad. Ananging, piyambakipun ugi nggadhahi sipat ingkang boten becik. Upaminipun inggih menika nalika Arjuna iri kaliyan Ekalaya ingkang langkung pinter anggenipun manah. Arjuna ugi asring ngagungaken dhiri.

Lelanang ing Jagad
Garwané Arjuna pirang-pirang, kabèh putri éndahing warna (ayu-ayu). Ana anak ratu, anak pandhita, anak déwa, anak taksaka (ula), lan sapituruté. Putrané uga pirang-pirang turta bagus-bagus, umpamané :
  • Dèwi Sumbadra, peputra Abimanyu
  • Dèwi Larasati/Rarasati, peputra Sumitra lan Brantalaras.
  • Dèwi Srikandhi.
  • Dèwi Ulupi/Palupi, Irawan
  • Dèwi Jimambang, anaké Begawan Wilwuk.\/Wilawuk ing pertapan Pringcendhani peputra Kumaladéwa lan Kumalasekti.
  • Dèwi Manuhara, anaké Begawan Sidanggana ing Andhongsekhar peputra Pregiwa lan Pregiwati
  • Dèwi Dresanala,putrané Bathara Brama, peputra Wisanggeni.
  • Dèwi Wilutama, peputra Bambang Wilugangga.
  • Bathari Supraba, putriné Bathara Indra, peputra Bambang Prabakusuma.
  • Dèwi Ratri (atmajané Prabu Yudhistira ing negara Mertani), peputra Bambang Wijanarka.
Ana salah sijining wanita kang ditresnani Arjuna nanging malah dadi garwané wayang liya, yaiku Banowati. Nanging sawisé rampung Bharatayudha, Banowati bisa dadi siji karo Arjuna, ora kétung mung sewengi.
Satemené bojo (garwa) lan anak akèh iku minangka gegambaran yèn Arjuna dhemen gawé lelabuhan becik (sing dipralambangaké kadidéné putri sulistya). Mula undhuh-undhuhané uga kabecikan sing akèh (dipralambangaké anaké pirang-pirang bagus-bagus lan ayu-ayu). Yèn sing ditindakaké iku pakarti ala, asilé mesthi uga ala.
Arjuna wis naté bangunaké tapa lan madheg pendhita ing Gua Mintaraga kang dumunung ing puncaké gunung Indrakila, kanthi peparab Begawan Ciptaning iya Mintaraga. Arjuna uga tau dadi ratu ing kahyangan Tinjomaya (ngratoni para widodara-widodari) suwéné 7 dina, kanthi jejaluk Prabu Karitin/Kariti iya Wilikithi. Anggoné jumeneng nata ing Tenjomaya amarga Arjuna wis gawé lelabuhan becik marang para déwa kanthi nyirnakaké kraman kang ngrabasa ing kahyangan yaiku Prabu Niwatakawaca, ratu buta saka negara Manik Ima-Imantaka.

Aji-aji
Arjuna iku ndarbèni enem aji-aji, yaiku:
  • Palimunan/panglimunan = bisa ngilang.
  • Tunggengmaya = bisa gawé banyu.
  • Sepiangin = bisa mlaku tanpa napak lemah banteré pindha angin.
  • Mlayabumi = bisa ngalahké mungsuh.
  • Pengasihan/sempaliputri = disenengi wong akèh.
  • Asmaragama/kamasutra = ngèlmu saresmi.
Gaman
  • Pecut Kyai Pamuk
  • Panah Pasopati
  • Panah Harya Sangkali
  • Panah Ardhadehali/Hrudhadhedali
  • Ali-ali Mustika Ampal
  • Trompet Dewadata
  • Keris Pulanggeni
  • Brahmasira/Agniyastra
  • Panah Merdaging
  • Panah Mercujiwa
  • Sarotama
  • Keris Kyai Kalanadhah
  • Busur Kyai Gendhewa

Pungkasan Crita

Ing Bharatayudha, Arjuna perang tandhing mungsuh Adipati Karna. Abot rasané ati, merga dhèwèké adu arep karo sedulur tuwa nunggal ibu séjé bapa. Nanging rasa mangu-mangu iki bisa diilangaké déning Prabu Bathara Kresna. Arjuna banjur maju ing palagan tandhing lawan seduluré sing diajeni. Wusanané Adipati Karna gugur ana sajroning paprangan. Ing perang bharatayuda uga, Arjuna kèlangan kabèh putra-putrané. Nanging putuné, Parikesit, dadi raja ing Astina. Sawisé perang, Arjuna pindhah dadi raja ing Buwanakeling, kang mauné dadi kratoné Jayadrata. Ing bubaran perang uga, kabèh bojoné dipatèni déning Aswatama. Uripé Arjuna rampung bareng karo Pandhawa liyané munggah menyang kahyangan laku liwat Himalaya.

Wandané wayang

Wandané wayang Arjuna ana lima, yaiku wanda Jimat (anggitané Panembahan Senopati lan Sultan Agung Hanyakrakusuma),wanda Kanyut, wanda Kinanthi, lan wanda Malat. Yèn wayang Arjuna gagrak Yogyakarta wandané ana telu, yaiku wanda Janggleng (rai lan awak kuning/prada) kanggo adegan paseban, sedhih; wanda Yudhasmara (sunggingan rai lan awak kuning, kanggo adegan roman (percintaan); lan wanda Kinanthi (sunggingan rai ireng awak kuning kanggo adegan sawisé metu saka kedhaton utawa kanggo perang).


Sumber : jv.m.wikipedia.org