Toturial Ms. Exel

Tampilkan postingan dengan label Tokoh Pewayangan Punakawan. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Tokoh Pewayangan Punakawan. Tampilkan semua postingan

22 Maret 2014

Bagong



Bagong iku dicipta saka wewayangané Semar. Mula saka kuwi, prejengané ora beda adoh. kaya déné wewayangan, Bagong awaké ireng. Tinimbang anaké Semar liyané, Bagong paling kurang ajar. Basa Jawané ora karuwan. Dhèwèké seneng ngritik apa waé.

Bagong iku asliné jenengé cukuran rambut. Bocah yèn dicukur plonthos kabèh, jenengé gundhul. Yèn sing diturahké mung ngarep thok jenengé kuncung. Yèn sing diturahké ing mburi dijenengi kuncir utawa kucir. Yèn rambut sing sisa ana sisih tengen utawa kiwa jenengé pethek. Nah bagong iku kanggo wong sing rambuté mung ana ing mburi sisih ngisor (cedhak gulu). Cukuran bagong uga disebut gombak.

Yèn dideleng saka pawakané, Bagong pancèn memper Semar. Nalika Sang Hyang Ismaya didhawuhi mudhun ing donya déning Sang Hyang Tunggal, Sang Hyang Ismaya jaluk diwenehi kanca. Kaya déné lumrahé panakawan kang tegesé kanca kang nyeksèni, paling ora punakawan ana loro. Sanghyang Tunggal banjur gawé bagong saka wewayangané Semar.

Bagong nduwé bojo jenengé Dèwi Bagnawati lan urip ing padhepokan Klampis Ireng.

Ing panggonan liya, Bagong sok diganti jeneng. Ana kang diowahi urutan keluwargané. Ing Jawa Tengah, bagong iku anak ragilé Semar. Déné ing panggonan liya, paraga kaya Bagong iki dadi pambarepé. Ing panggonan liya iku, Bagong sok diganti dadi Bawor, Carub, utawa Astrajingga


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org

Petruk



Petruk iku salah sijine Panakawan anake Semar, adhine Gareng, kangmase Bagong. Dheweké duwé bojo Dewi Ambarawati, putri saka Prabu Ambarasraya raja negara Pandansurat.

Paraga Pétruk iki ora disebutaké ing Kitab Mahabarata, dadi anané mung ing gubahan gagrag pewayangan Jawa. Ciri-ciri paraga Pétruk ya iku dedegé sing dhuwur lan irungé dawa. Pétruk sadina-dina tansah nggawa gaman arupa pethèl. Paraga iki kondhang ing lakon Petruk dadi Ratu.

Dasanama
  • Dawala
  • Kanthongbolong
  • Dublajaya
  • Penthungpinanggul
  • Helgeduelbek

Asal-Usul

Asal-susulé Petruk iki manéka warna vèrsiné. Ana sing nyebut yèn mbiyèn Pétruk iki pangéran gagah perkasa, ana uga kang nyebut mbiyèné anak pandhita sekti. Ing salah sijiné vèrsi iku, dhèwèké disebut asliné anaké pandhita raseksa ing pertapan Begawan Salantara. Nalika kuwi jenengé Bambang Pecrukpanyukilan. Dhèwèké senengé guyon lan dhemen gelut.

Ing padhepokan iku, Bambang Pecrukpanyukilan kondhang pilih tandhing. Mula saka kuwi, dhèwèké bancur ngulandara golèk ngélmu lan nguji kadhigdayané. Ing tengah ndalan, dhèwèké ketemu Bambang Sukakadi (Garèng) saka pertapan Bluluktiba. Wong loro banjur adu sekti. Awak loro-loroné dadi rusak. Untung waé banjur dipisah déning Semar lan Bagong. Wong loro mau banjur dipèk murid / anak déning Semar. Carita kasebut ana ing lakon Bathara Ismaya krama. 


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org

Garèng



Garèng iku salah sijining paraga wayang panakawan. Dhèwèké anak mbarepé Semar. Asal-asulé Garèng manéka warna, salah sijine yaiku ing lakon Bathara Ismaya Krama. Ing lakon wayang iku Garèng mauné nduwé jeneng Bambang Sukshati, putra Resi Sukskadi.

Wandané Garèng iku sarwa cacat: irung bunder, mata kéra, weteng mblendhug, pincang, lan tangané céko (béngkok). Bojoné Garèng yaiku Sariwati, putri Prabu Sarawasésa.

Ing sajerone awake gareng kang akèh cacadé iku duwèni teges.
  • sikil kang pincang nduweni teges yen nglakoni apa wae tansah ati-ati lan waspada.
  • mata kera nduweni teges yen ndeleng ora ndeleng barang kang ala, tuladhane maksian\t lan sapanunggalane.
  • tangane ceko tegesé ora seneng celuthak (bahasa Indonesia; jahil)


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org.

21 Maret 2014

Semar



Semar utawi Kyai Semar Badranaya inggih punika salah satunggaling punakawan Pandhawa ingkang asring paring pituduh lan kathah kawicaksanan. Semar punika taksih sadhèrèk kaliyan Batara Manikmaya lan Antogo.

Semar tansah ngabdi dhateng para ksatria ingkang nggadhahi pakarti ingkang luhur. Kosok wangsulipun, Antogo tansah ngabdi dhateng ksatria ingkang pakartinipun awon.

Semar, Manikmaya, lan Togog dipunripta Sang Hyang Wisesa saking tigan. Wonten ing satunggaling prastawa adu pepatén, Semar ngeleg gunung saéngga wujudipun dados boten karuwan. Sasampunipun menika, Semar dados pangayom utawi pamongipun anak-putunipun Bathara Guru saking sedaya anceman lan serangan angkara murka. kanthi cara premati dipunwedharaken tegesipun Semar miturut tiyang Jawi, Semar punika sumbering cahya, déwa kasuburan, misteri (samar), Sang Hyang Maya, cahya buwana.

Asal-usulipun Semar

Miturut Hazeu, Semar menika satunggaling paraga ingkang asalipun asli saking Indonesia sanés saking India malah dados “nenek moyang” Jawa Asli. Miturut Dr. F. Magnis Suseno, Semar nggadhahi pangaribawa minangka “nenek moyang” raja-raja Jawa, lan dados pamong lan danyang Pulo Jawa.

Wonten maneka warni pamanggih (versi) malih babagan asal-usulipun Semar. Ananging sedaya nyebataken bilih Semar menika panjilmaan déwa.

Naskah Serat Kanda nyariyosaken, panguwaos kahyangan ingkang asma Sanghyang Nurrasa kagungan kalih putra ingkang namanipun Sanghyang Tunggal lan Sanghyang Wenang. Saking Sanghyang Wenang salajengipun dipunwarisaken dhateng putranipun ingkang asma Bathara Guru. Sanghyang Tunggal lajeng ngrumat para ksatria trahipun Bathara Guru, kanthi asma Semar (Sanghyang Tunggal gantos asma dados Semar).

Pagesanganipun Semar

Sanajan Semar dados “pamong” (pamomong ingkang wicaksana), dereng kathah ingkang mangertos bilih Semar menika taksih sadhèrèk kandhung Bathara Guru (rajanipun para dewa).

Semar kagungan garwa ingkang asmanipun Déwi Kanistri. Garwanipun dipuntilar amargi Semar ngabdi dhateng para ksatriya ingkang mbela kabecikan. Garwanipun menika wicaksana sipatipun pramila paring idin dhumateng Semar. Pagesanganipun Semar menika prasaja sanget. Panjenenganipun boten mentingaken lahiriyah, ananging ingkang dipunwigatosaken menika pengalaman batin lan kawasisanipun. Babagan menika ingkang dadosaken Semar tansah kagungan pikiran saé (“positive thinking”), tansah mendhet pamundhutan kanthi tetimbangan ingkang mateng.

Semar menika titisanipun Sanghyang Ismaya. Ing sarasilah Parisawuli karangan Rangga Warsita, Semar utawi Smara menika keturunan Sanghyang Ismaya. Janggan (penulis) Smara iku dhaup klawan Dewi Kanistri, putri Bathara Hira.



Sumber : http://jv.m.wikipedia.org