Toturial Ms. Exel

Tampilkan postingan dengan label Tokoh Pewayangan (Bahasa Jawa). Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Tokoh Pewayangan (Bahasa Jawa). Tampilkan semua postingan

22 Maret 2014

Cakil




Cakil iku sawijining antagonis ing wiracarita Mahabharata vèrsi Jawa. Lumrahé metu nalika satriya metu, yaiku sawisé gara-gara. Ing pérangan iki asring uga sinebut bambangan. Bambang iku artiné pemudha seka gunung, lan lumrahé sing dadi tandhingé cakil nganggo jeneng "Bambang". Kayata: Bambang Irawan utawa Bambang Arjuna. Nanging ora mesthi tandhingané Cakil kuwi nganggo jeneng Bambang.

Ora ana jeneng kang pesthi kanggoné Cakil. Umumé nganggo jeneng Ditya, kang artiné buta utawa raseksa. Ora kaya wayang raseksa liyané, tangan wayang Cakil bisa diobahké kabèh, kiwa utawa tengen. Untuné sing sisih ngisor luwih maju.

Ing tandhingan karo satriya mau, Cakil nganggo gaman keris. Yèn ing wayang uwong, keprigelané Cakil dolanan keris iki nengsemaké. Keris diuncal-uncalaké kaya bartender dolanan botol. Ing pungkasané, cakil bakal mati déning kerisé dhéwé.
Larah-larahané

Buta Cakil paraga wayang kulit inovatif utawa rekayasa seniman wayang Jawa. Buta Cakil ing babon kitab Mahabarata utawa Ramayana ora diketemukake paraga iki. Tahun yasa paraga wayang iki ditengeri kanthi candrasengkala ''Tangan Yaksa Satataning Janma'' utawa taun 1552 Çaka yen dikonversi taun masehi dadi 1630 Masehi jaman Mataram ing mangsa pemerintahan Sultan Seda Krapyak. .


Perang Kembang

'''Perang Kembang''' utawa '''Perang Begal''' yakuwi adegan perang utawa campuh antarane Buta Cakil karo satriya. Gigambarake Sang Satriya kang lagi liwat tengah wana dietut karo abdi-abdine Panakawan Semar, Gareng, Petruk, Bagong kapeksa kandeg lakune amarga dicegat dening Buta Cakil. Buta Cakil takon marang sang Satriya, jengen, saka tlatah ngendi, lan ana perkara apa nganti wani liwat wana kono. Takon pitakon lumaku saur manuk, nanging Buta Cakil ngotot dene sang satriya kudu sumingkir saka tlatah kono, amarga nginggati pakon Buta Cakil, loro-lorone banjur perang. Wusanane perang kembang dimenangake Sang Satriya, Buta Cakil mati ing pucuk curigane dewe.. Adegan Perang Kembang lumaku ing wayah lingsir wengi, perang iki minangka lambang manungsa kang mulai ngidhak kadhewasan.


Sipat


Buta Cakil nduweni sipat utawa watak dengki, iri, lan jail. Praupane kang abang negesake sipat gampang ngamuk, matane kang sipit (kriyipan) tandha dengki lan ora tinarbuka atine. Cangkeme kang amba mratandhani yen Buta Cakil sombong, lan seneng misuh. suarane sing keméng, omonge sing gagap, wetenge sing mblending mratandani ulahe kang ala lan seneng ganggu. . Kejaba kuwi Buta Cakil dilambangake mawa werna kuning utawa sipat Supiyah, yakuwi sipat sing seneng ngumbar nepsu syahwat, lan pepinginan.


Filosofi

Buta Cakil nggambarake nepsu manungsa. . Nepsu manungsa kaperang dadi papat yakuwi, Amarah, Aluamah, Supiyah, lan Mutmainah. . Campuh antarane Satriya lan Buta Cakil yaiku pralambang campuh manungsa nglawan nepsu pribadine. Curiga utawa keris Buta Cakil Minangka Simbol manungsa kudu bisa ngendaleni hawa nepsune, lamun manungsa ora waspada awak pribadine bisa mati lantaran nepsune dhewe lan sing bisa mateni hawa nepsune ora liya kejaba diri pribadi manungsa.

Buta Prepat
Buta Prepat kuwi Buta cacah papat kang ditugasi njaga tapel wates kraton. Kang kalebu bala Buta prepat yakuwi.
  • Buta Cakil
  • Buta Terong
  • Buta Rambut Geni
  • Buta Pragalba

Dasanama
Kayadene paraga wayang liyane, Buta Cakil uga nduweni Dasanama utawa alias yakuwi
  • Ditya Kala Gendir
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Klantang Mimis
  • Ditya Kala Carang Aking
  • Ditya Kala Lintring
Ditya aneng wayang tegese Tumenggung, Buta Cakil asring dadi Tumenggung (pimpinan} Buta Prepat

Wanda

Wanda utawa ekspresi Buta Cakil kaperang dadi papat.
  • Wanda Kikik utawa Benceng
  • Wanda Bathang utawa Cicir
  • Wanda Naga
  • Wanda Udalan


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org

21 Maret 2014

Punakawan





Punakawan utawa panakawan iku sebutan kanggo para pamomong (pangiring) para ksatria ing wayang. Punakawan biasanè metu nalikane wayah goro-goro.

Umume panakawan metu ing pagelaran nalika gara-gara, yaiku ngepasi tengah wengi nalika kahyangan ora tentrem lan ndonya kaya obah ngadhepi prahara. Iki katilik seka pangucap dhalang,"bumi gonjang-ganjing langit kelap-kelap". Panakawan kang kondhang ing tanah Jawa yaiku Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Paraga-paraga iki ora kaya wayang liyane kang dijupuk seka Indhia, panakawan asli seka Jawa.

Saliyane iku, ana uga Togog lan Bilung (Sarawita) kang dadi pameling para mungsuh utawa negara-negara sebrang lan Kurawa. Dene emban kraton kang dadi pameling para putri yaiku Cangik lan Limbuk. Punakawan duwè karakter kang manéka warna.

Punakawan ing Crita-Crita Jawa

Wayang Purwa
Ing Wayang Purwa, panakawan sing dienggo ing tlatah Jogjakarta lan Surakarta nganggo Semar, Gareng, Petruk, lan Bagong. Ana kalane, dhalang Surakarta ora gelem nganggo Bagong lan diganti nganggoCenguris kang asring dienggo nalika jaman kasultanan Pajang. Ilange Bagong iki magepokan karo Pakubuwana III (1749-1788) kang ewuh marang tingkah lakune. Bagong asring dienggo dhalang kanggo ngritik marang apa kang kelakon. Nalika kuwi, sunan iki cedhak karo Walanda.

Ing Jawa Wetan, ana uga dhalang kang ora nganggo Gareng lan Petruk. Ing kene, Bagong uga diganti nganggo Besut, kang wujude kaya Bagong nanging cilik. Ora kaya Bagong kang dumadi seka wewayangane Semar, Besut digawe seka taine. Besut uga sok disebut Besep utawa Besil.

Ing Banyumas, Bagong disebut Bawor. Ing kene, Bagong dudu anak ragil nanging pambarep.

Wayang Golek Sundha
Ing Jawa Kulon, utamane ing wayang golek, panakawan kang dienggo yaiku Cepot utawa Astrajingga. Cepot iki pembarepe Semar. Kaya dene Bagong, Cepot uga dienggo srana kanggo ngritik. Saliyane Cepot, ana uga Udawala lan Udel kanggo lengkap-lengkapan.

Wayang Cirebon lan Kuningan
Ing panggonan kang dianggep pusat panyebaran Islam iki, panakawane ana akeh. Panakawane yaiku: Semar, Udawala, Gareng, Bagong (Bawor), Bitarota, Ceblok, Cungkring, Bagalbuntung, Curis. Cacah sanga iki dianggep pralambang Wali Sanga.

Wayang Betawi
Ing Betawi, panakawan nduwe kalonggaran. Seka adhat, Betawi cedhak karo Sundha. Nanging ana kalane panakawane dicampur. Ana Cepot kang bisa nembang lagu-lagu Sundha, lan ana Gareng kang nembang lagu-lagu Jawa.

Crita Panji
Ing Crita Panji, panakawane: Jurudeh lan Prasanta, Bancak lan Dhoyok, Sabdapalon lan Nayagenggong, sarta Sebul lan Palet utawa Penthul lan Tembem. Jurudeh, Bancak, lan Sabdapalon iku titisane Hyang Ismaya.

Wayang Bali
Ing Wayang Bali, panakawan kang dienggo yaiku Tualen (Semar), Merdah, Sangut, lan Delem. Karakterè kaya penasihat para ksatria, penghibur, kritisi sosial, badut uga dadi pusatè kebenaran lankebijakan. Ana ing wayang indonesia punakawan ana Semar, Gareng, Bagong, lan Petruk. Ana ing wayang bali karakter punakawan ana Malen lan Merdah (abdi saka Pandawa) lanan Delem lan Sangut(abdi saka Kurawa).


Peran Punakawan

Tembung Punakawan asale saka tembung pana kang ateges "paham", lan kawan kang ateges "kanca". Tegese yaiku para panakawan kuwi ora mung dadi tok, nanging uga bisa ngerteni apa kang dialami majikane. Kadang kala punakawan uga dadi penasihat para majikane kuwi. Sing dadi khase saka punakawan yaiku punakawan dadi dagelam ana ing tengah-tengah ing antarane cerita wayang. Tingkah laku lan omongane para punakawan mesti bisa gawe guyu sing nonton.

Tokoh Punakawan
  1. Semar. Tembung Semar asale saka tembung samara kang tegese ghaib. Kyai Lurah Semar Badranaya yaiku tokoh pewayangan utama ana ing wayang jawa lan sunda. 
  2. Gareng. Gareng duwe teges pujaan utawane aleh saka muja.Nalagareng yaiku wong kang ora pinter omong. Apa kang diomongke kadang kala luput lan luput. Gareng iku lucu lan seneng gawe guyu. Ana ing lakon wayang gareng tau dadi ratu ana ing lakon Gareng Dadi Ratu. 
  3. Petruk. Tembung Petruk asale saka tembung fatruk kang duwe teges kang ninggalke. Petruk putra semar kang pasuryane manis karo eseme kang nyengsemake ati. Petruk uga pinter omong lan lucu. Gareng nyindir karo guyonane kang khas. 
  4. Bagong. Tembung Bagong asale saka tembung Bagho kang ateges seneng mbantah. Bagong iku ateges layangan saka semar.Bagong duwe sifat lancang lan seneng berlagak goblok lan lucu. 

Pralambang

Paraga Semar wiwit metu ing Kakawin Gatotkacasraya kang kaangit dening Empu Panuluh. Semar kang isih sedulur karo Bathara Guru dianggep paraga asli Jawa. Semar kaya dene pralambang rakyat, lan Bathara Guru iku panguwasa.

Ing Kitab Tantu Panggelaran kang kira-kira tinulis abad XV, asal-usule Semar, Togog, lan Bathara Guru diwejang. Ing kene tinulis telung kedadeyan pisanan ing ndonya yaiku dadine bumi lan langit. Keloro, dadine teja (cahya). Ketelu, dadine Manik lan Maya. Manik dadi Bathara Guru lan Maya dadi Semar.

Ing Paramayoga tulisane Raden Ngabehi Ranggawarsita, kadadeyan dadine Manik lan Maya iku uga dadi telu. Ana endhog kang cinipta. Kulite dadi Bathara Hantaga utawa Tejamantri (Togog). Sing putih dadi Bathara Ismaya, lan kuninge dadi Bathara Guru.

Hantaga lan Ismaya banjur rebutan tahta kahyangan. Banjur, wong loro iki adu kekuatan nguntal gunung. Hantaga mung bisa nguntal tekan cangkem, mula cangkeme dadi amba. Semar bisa ngeleg nanging wetenge dadi gedhe. Sang Hyang Wenang banjur murka. Togog dikon dadi pamomong para raseksa kan nduwe utek ala, dene Semar dadi pamomong satriya. Dhampar (tahta) kahyangan tiba ing tangane Bathara Guru.

Adhedasar kadadeyan iki banjur panakawan dadi pamomong lan seksi. Semar lan Togog dikon dadi seksi nganti pungkasane jaman. Lumrahe seksi kang paling ora wong loro, Togog karo Semar diwenehi kanca. Mula saka kuwi, punakawan iku ana loro utawa luwih.




Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Bathara Narada


Bathara Narada utawa kasebut Narada iku paraga pawayangan Jawa minangka tangan tengèné Batara Guru ing kayangan Jonggringsaloka. Bathara Narada kagungan salira sing bundér lan gendut. Sirahé mesthi ndangak lan mlakuné njinglat-jingkat.

Bathara Narada lair ana ing alam kasat mata, yaiku ing Sidi Udaludal. Sakjroning dadi wakil saking Batara Guru, naging ora jarang dèwa siji punika asring salah paham karo dèwa-dèwa liyané. Rembukané lan wataké Batara Guru ingkang asring ngatur tata uripé ing Arcapada.Sédanten punika asebabaké Batara Narada kapengen ngerebut tahtané Batara Guru.

Ing tradhisi Hindhu Narada (Dewanagari: नारद; IAST: Nārada) utawa Narada Muni iku wong sing wicaksana, sing nyekel peranan wigati jroning crita-crita Purana, mliginé ing Bhagawatapurana. Narada digambaraké minangka pandhita sing seneng ngumbara lan nduwèni kasaguhan nekani planèt-planèt lan donya sing adoh. Narada tansah ngasta piranti musik sing dikenal minangka tambura, sing wiwitané dianggo ngiringi lagu pepujèn, donga-donga, lan mantra-mantra minangka rasa bekti marang Déwa Wisnu utawa Kresna. Jroning tradhisi Waisnawa Narada nduwèni rasa urmat sing istimewa nalika nembangaké jeneng Dina lan Narayana kayadéné kapacak jroning kitab, sing dikenal minangka Narad Bhakti Sutra


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Bathara Guru



Bathara Guru iku ratuning para déwa kang ngratoni tribawana (triloka), yaiku jagad luhur, jagad madya, lan jagad andhap. Tegesé jagad luhur yakuwi papan keraméyané para sukma (ruh) lan para déwa, jagad madya papan karameyane badhan wadhag (para manungsa), jagad andhap papan karaméyané para jin, sétan, dhedemit, brekasakan, lan sapanunggalané. Kanthi mengkono, Bathara Guru klebu gedhé panguwasané, wenang mangrèh makhluk kang wujud badhan alus apadéné badhan wadhag.

Kahyangané Bathara Guru aran Jonggringsaloka. Mapan ing sapucuking Gunung Tenggur. Papan iki asring sinebut Suralaya, kang surasane pedunungane para déwa. Tembunge liya: Surapada, Suraloka, Kahyangan, kadewatan, kadhang ditembungaké kaswargan. Tebahane Suralaya iya jonggringsaloka iku jembar banget. Perangan-perangane ana kang diarani: Uttarasegara (kahyangane Bathara wisnu), Argadahana/Duksinageni (Kahyangané Bathara Brama), Bendharata/Indraloka (kahyangane bathara Indra), Suwelagringging (kahyangané bathara Sambu), Ekacakra (kahyangan sang Hyang Surya), Argadumilah (kahyangané Bathara Yamadipati),Cakrakembang (kahyangané Bathara Kamajaya),Sebaluri (kahyangané Bathara Antaga/Sang Hyang Puguh, Tejamaya (kahyangané bathara Ismaya),Selomangumpeng (kahyangané Bathara Kala), lan isih akèh manèh.

Garwané Bathara Guru ana loro, yakuwi :
Dewi Uma (Umayi), putra putrine Sodagar Omaran iya Tayumuthu, trahe Bagenda Saleh saka Tanah Parashu. Karo Bathara Guru, Dewi Umayi peputra: Bathara sambu (Sambo), Bathara Brama, Bathara Indra (Bathara Surapati), Bathara Bayu, Bathara wisnu. Siji maneh dumadi saka kama salah, wujude buta gedhe bebisik Bathara Kala.
Dewi Laksmi iya Uma Rakti (Uma Ranti), peputra telu, yakuwi Bathara sakra, Bathara Mahadewa lan Bathara Asmara.

Bathara Guru utawa Bathara Manikmaya iku isih saduluran karo Bathara Tejamaya lan Bathara Ismaya.

Asal-usul

Bathara guru kuwi putrané Sang Hyang Tunggal lan Dèwi Wirandi, putrine Prabu yuyut, ratu jim ing negara Keling. Miturut crita pedhalangan, Bathara Guru dumadi saka antiga (endhog). Critané mangkéné:

Dewi Wirandi (garwane Sang Hyang Tunggal) kang mapan ing kahyangan Alang-alang Kumitir, babaran wujud endhog mawa cahya. Endhog mau bakal dipecah déning Sang Hyang Tunggal, nanging nalika arep dibanting, endhog mau mumbul mabur dhuwur. Sang Hyang Tunggal gagé mbujung aburé endhog.

Kacarita mlesaté endhog mawa cahya tumuju ing kahyangan Ondar-Andhir Bawana, kahyangané Sang Hyang Wenang (ramane sang Hyang Tunggal). Dening Sang Hyang Wenang, endhog mau dicandhak banjur dimantrani satemah dadi bayi cacah telu, kabeh bagus rupane. sing dumadi saka kulite endhog diparingi tetenger Sang Hyang Antaga (ing tembé dadi Togog), putihané endhog dadi Sanghyang Ismaya(tembé mburi dadi Semar Badranaya), lan kuningané diparingi tetenger Bathara Manikmaya (Bathara Guru).

Dasanama

Dasanamané Bathara Guru miturut padhalangan yakuwi : Sang Hyang Manikmaya, Sang hyang Pramesthi, Sang Hyang jagad Nata, Sang Hyang Girinata, sang Hyang Caturbuja (tegese bahuné cacah papat, Sang Hyang Nilakantha ( amarga duwé cacat belang biru ing tenggaké), Sang Hyang Lengis (duwé cacat apus ampéyané kang sisih kiwa), Sang Hyang Radduwakdha/Randhuwandha (awit cacat duwé siyung), Sang Hyang Hutipati, Sang Hyang Samba (amarga bagus citrané), Sang Hyang Jagad Pratingkah, Sang Hyang Lauthawalhujwa, Sang Hyang Trinetra (awit kagungan netra telu kang sajuga mapan ana larapane,lan Sang Hyang Syiwa.

Mula Bukané Duwé Bahu/Tangan Papat

Mula bukané Bathara Guru darbé tangan lan bahu papat iku mengkéné. Bathara guru nggarwa Dewi Uma. Nalika arep dipondhong ing tilam sari, Uma lumayu awit dheweke isin duwe cacat "bagapuru" (ora duwé pawadhonan alias bunthet). Dewi Uma banjur dipotha-potha. Saka kumrangsaning panggalih, Bathara Guru nyuwun pitulung marang ingkang eyang Sang Hyang Wenang supaya bisaa tangane tambah loro maneh. Panuwune dikabulake, satemah tangane Bathara Guru imbuh dadi papat, kinarya ngadhangi playuné Dewi Uma. Suwéning-suwé Dewi uma pasrah, nuli kapondhong ing tilamsari. Nalika Bathara Guru arep nandhukake asmara,priksa yen Dewi Uma ora duwe pawadhonan, banjur disranani kanthi digepyok nganggo godhong kluwih kang wis dimantrani. Sanalika Dewi Uma darbe pawadhonan kaya salumrahé wanodya, lan wasana bisa darbé turun cacah enem.


Titihan lan pusaka

Titihané Bathara guru awujud lembu wadon aran Lembu andhini/Nandhini. Senadyan wujudé lembu (sapi, nanging digdaya. Duk ing nguni dadi sesembahané para makhluk kang dumunung ing sakidul wetané Gunung Tengguru. Patihe Bathara guru bebisik Sang Hyang Kanekaputra iya Bathara Narada. Pusakané Bathara Guru aran cis Kalaminta (cis Jaludara) lan cis Trisula. Kejaba iku, Bathara Guru darbe aji Kawrastawam (kawaspadan cipta), aji Pangabaran, lan aji Kemayan.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Begawan Drona


Begawan Drona utawi Resi Durna utawi Bambang Kumbayana inggih menika salah satunggalipun paraga wayang (tokoh wayang) saking wiracarita Mahabarata. Durna menika putranipun Resi Baratmadyasaking Hargajembangan kaliyan Dewi Kumbini. Durna asalipun saking Atasangin. Kacariyosaken bilih Durna punika dipun tudung minggat saking Atasangin amargi boten kersa dipunjodhoaeken kaliyan ramanipun. Durna menika dados gurunipun Sata Kurawa lan Pandhawa. Panjenenganipun menika priyantun ingkang ahli seni paperangan.

Durna kagungan pusaka sekti awujud keris Cundamanik lan Panah Sangkali (ing wekdal salajengipun panah menika dipunparingaken dhateng Arjuna). Durna palakrami kaliyan Dewi Krepi, putrinipun Prabu Purungaji, raja negari Tempuru, lan pikantuk putra ingkang asmanipun Bambang Aswatama. Durna kasil damel padepokan Sokalima sasampunipun kasil ngrebat meh sepalih wewengkon negari Pancala saking kakuaosanipun Prabu Drupada.

Nalika perang Bharatayuda, Resi Durna pinitados minangka Senapati Agung Kurawa, sasampunipun Resi Bisma tiwas ing paprangan. Resi Durna tiwas ing medan paprangan amargi tusukan pedhang Drestajumena, putranipun Prabu Drupada.

Watak kaprebadinipun

Watek kapribadenipun Drona inggih menika sekti mandraguna, wasis babagan paperangan, nanging panjenenganipun watek kapribadenipun ingkang kirang sae inggih menika gumedhe, wengis, lan kathah guneman. 

Pagesanganipun
Nalika taksih enem Drona kagungan asma timur (nama kecil) Kumbayana. Wonten ing salah satunggalipun versi, Kumbayana menika putranipun Resi Baratmadya saking Argajembangan kaliyan Dèwi Kumbini. Ing versi ingkang sanes, Kumbayana menika kagungan garwa Dèwi Wilutama ingkang dados jaran amargi kenging sepatanipun dewa. Ing Bharatayudha, Drona dipunperjaya pati déning Drestadyumna. 

Agastya
Poerbatjaraka, salah satunggalipun ahli purbakala, naté nyerat bilih Drona menika kadhang-kala dipunsebat Agastya. Pangiran menika dipunpendhet saking asma Kumbayana ingkang caket kaliyan asmakumbha sambhava, asma sanés Kumbayana.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Srikandhi



Srikandhi utawa Dèwi Srikandhi, utawa Wara Srikandhi (Sangskreta Śikhaṇḍī) iku sawijining paraga ing wiracarita Mahabharata. Srikandhi iku putriné Prabu Drupada (jeneng enomé Sucitra), raja saka negara Cempalaraja.

Srikandhi kondhang minangka prajurit èstri. Kedadéyan iku nalika Srikandhi mlaku metu saka kraton, banjur nemokaké kalung kembang teraté sing ana ing gapura kraton. Kembang iku arupa kembang sing ditinggal déning Dèwi Amba ana ing negara Pancala minangka pratandha dendam, sapa waé kan migunakaké kalung iku, wong iku sing bakal merjaya Begawan Bisma.

Lairé Srikandhi

Dewi Srikandhi iku dumadi saka geni kang dipuja dening Prabu Drupada. drupada tumindak mangkono kanggo golèk cara males wirang marang Bambang Kumbayana (Pandita Durna). Prabu Drupada tau diwirang - wirangaké déning para muride Durna yaiku Kurawa. Prabu Drupada dilarak – larak kaya wong sudra. Durna tumindak mangkono kanggo males lara atiné nalika dipulasara Gandamana (patihe Drupada) jalaran nalika semana Durna anggone matur marang prabu Drupada amung njangkar (ora basa). Gandamana nesu lan Bambang Kumbayana|Bambang Kumbayana dipala nganti rusak awaké. Amarga lara atine, Prabu Drupada muja geni. Saka tengahé geni katon bayi loro, lanang lan wadon. Banjur bayi mau pinaringan asma Srikandhi lan Arya Dresthajumena. Sakliyane iku Srikandhi uga duwe sedulur wadon asma Dewi Drupadi, kang ora liya garwane Puntadewa. Yen ing carita wayang, Srikandhi digambaraké minangka prajurit wanita sing peng – pengan. Nalika isih enom dheweke merguru manah marang Raden Arjuna|Raden Arjuna. Banjur dheweke dipek bojo dening Raden Arjuna.
Dèwi Srikandhi tau dilamar dening Prabu Jungku Mardea saka negara Parangkubarja. Prabu Drupada, bapake Srikadhi seneng karo lamarane Jungku Mardea, nanging Srikandhi ora seneng. Banjur dhèwèké madul marang Arjuna. Arjuna mbela Srikandhi, banjur Srikandhi dhaup karo Arjuna.

Paraga

Dewi Srikandhi mripaté jahitan, irunge mbangir, rainé rada ndhangak, nuduhaké dhèwèkée putri kang nduwèni swara dencing. Dewi Srikandhi nganggo sanggul, arané Sanggul Gedhé. Nduwèni jamangkanthi garudané mengguri. Sebagian rambuté diumbaraké polos. Kalunge awujud bulan sabit. Anggone kain dodot putrèn.

Patemon Klawan Arjuna

Prabu Drupada nganakaké sayembara kanggo ngrebutaké Dèwi Drupadi. Sapa sira sing bisa nglawan Patih Gandamana bakal dadi bojoné Dèwi Drupadi. Ing sawijining dina Werkudara maju tandhing klawan Patih Gandamala. Patih Gandamala dikancani dening Arjuna. Sanadyan Werkudara kang maju tandhing, ananging Dèwi Drupadi mau digarwa dening Puntadewa. Katon semburat abang ning pipiné Srikandhi nalika satriya gantheng saka Astinapura iku katon ngematke polah tingkahé Srikandhi sinambi mèsem. Ésuké Puntadewa karo adhi – adhiné lan ibuné, Dèwi Kunthi mara manèh ing NegaraPancalaretna kanggo nglamar Dèwi Drupadi. Nalika iku Dèwi Srikandhi golèk cara kanggo cedhak karo Arjuna. Pungkasané Srikandhi meguru manah marang Arjuna. Malah sabanjuré Srikandhi digarwa déning Radèn Arjuna. Srikandhi Suwita ing Pandhawa. 

Senopati Perang Wanita

Srikandhi iku prajurit wanodya kang cukat, trengginas, omongane ladak, kumresek, nanging ngantasi karya, jujur, setya marang garwa, tata kramane genep. Polahe Srikandhi ora beda kaya satriya perang. Kajaba iku Srikandhi pinter perang lan olah panah. Dadi ora kleru yen para Pandawa ngangkat Srikandhi dadi Senopati perang ndampingi Arjuna nalika perang Bharatayuda ing lapangan Kurusetra. Ing perang Bharatayudha, Dewi Srikandhi diutus dadi senapati perange Pandawa, nggenteni Resi Seta, satriya saka Wirata kang seda nalika perang tandhing lawan Resi Bisma, senapati saka Kurawa. Bhisma kaget nalika wewayangan Dewi Amba nyawiji ing ragane Srikandhi. Mesthi wae Srikandhi dudu tandhingane. Srikandhi mulat sigra nyekel panah Pasopati. Panah diloloske, banjur disaut dening Dewi Amba ditamakake ing jajane Bhisma. Getih muncrat, nyawa pegat. Kadadean iku padha karo kutukane Dewi Amba, putri Prabu Darmahambara, raja negara Giyantipura kang mati dening Resi Bisma.

Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Sembadra


Subhadra utawa Dewi Wara Sumbadra utawa Sembadra iku garwané Arjuna. Dewi Sembadra iku putra saka Prabu Basudewa karo Dewi Badrahini. Dèwi Sumbadra iku minangka dèwi titisané Bathari Sri Widowati sing njejeri titisan Bathara Wisnu. Nalika isih cilik, arané Rara Ireng amarga pakulitané ireng manis. Nalika isih durung gegandhèngan runtut mbangun balé wisma, Kangmasé Sumbadra, yaiku Kakrasono/Baladewa, ora sarujuk. Mula Arjuna banjur nyulik Sumbadra supaya bisa urip bebarengan.

Saka Sumbadra iki banjur nurunaké Abimanyu kang diurutaké manèh nurunaké Parikesit.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

Sita utawa Dewi Sinta



Sita (Sanskerta: सीता; Sītā, uga dieja Shinta) utawa Dèwi Sinta, iku garwané Sri Rama lan bagéyan saka wiracarita Ramayana. Rama krama karo Sita sawisé menang swayambara bisa mbenggang gandéwa.

Sinta iku ya tau diculik déning Rahwana, Ratu ing Alengka. Nanging dhèwèké bisa diuwalaké manèh déning pitulungé Anoman, kethèk putih.


Tegese Nama

Ing basa Sansekerta, tembung Sita nduweni teges "kerut". Tembung "kerut" iku tembung kang nduweni rasa kang puitis nalika jaman India Kuna, kang nuduhake aruming kasuburan. Jeneng Sita ing Ramayana iku saka tembung Dewi Sita, kang wis disebutake ing Rigweda minangka dewi bumi kang mberkahi sawah lan tetanduran pari lan liya-liyane.

Kaya paraga kang misuwur ing legenda Hindu liyane, Sita uga misuwur kanthi pirang-pirang paraga, kayata, minangka putri Raja Janaka, dheweke jejuluk Janaki; minangka putri Mithila, dheweke jejuluk Maithili; minangka garwane Rama, dheweke jejuluk Ramaa. Amarga saka Krajaan Wideha, dheweke uga dikenal kanthi jeneng Waidehi.


Asal-usul

Ramayana nyeritakake yen Sita ora putrine Janaka. Sawijining dina Krajaan Wideha lagi kena musibah, para wargane akeh kang kaluwen. Janaka minangka raja nganakake upacara utawa yadnya ing sawahkanthi cara ngluku. Banjur mata lukune nerak pethi kang isine bayi wedok. Bayi iku dijupuk lan didadekake anak angkat titipan Pertiwi, dewi bumi lan kasuburan.

Sita dirumati ing Mithila, ibu kota Wideha dening Janaka lan Sunayana, permaisurine. Sawise gedhe, Janaka nganakake sayembara kanggo ngentuke jodhone Sita. Sayembarane iku awujud menthangake gendewa kang abot warisane Dewa Siwa. Sayembara iki dimenangkan dening Rama, pangeran saka Kerajaan Kosala. Sawise nikah Sita melu Rama urip ing Ayodhya, ibu kota Kosala.



Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

20 Maret 2014

Wisanggeni




Wisanggeni iku anake Arjuna karo Dewi Dresanala. Putri iki salah sijining widadari anugrahing dewa amarga arjuna bisa ngalahke Prabu Niwatakawaca, buta kang ngobrak-abrik kahyangan. Nalika kuwi, Niwatakawaca sedya ndaup Dewi Sapraba.

Rikala lair, Wisanggeni arep dipateni dening simbahe, Bathara Brama. Bathara Guru nganggep laire Wisanggeni nyalahi kodrat. Nanging Wisanggeni wis dikodratke sekti lan titisane Sang Hyang Wenang. Seka perkara iki, Wisanggeni uga asring sinebut dewa kang pungkasan.

Satriya setengah dewa setengah manungsa iki diomongke Bathara Baruna (dewa nguwasani samudra) lan Hyang Antaboga (raja ula kang urip ing dhasar bumi). Dheweke bisa mabur, ambles bumi lan urip ing laut. Dheweke urip ing kahyangan Daksinapati bareng ibune. Sektine Ngluwihi liyane. Wisanggeni raket karo Antasena. Loro-lorone uga ora melu Bharatayudda. Ing lakon Wisanggeni Racut, dheweke muksa bareng karo Antasena dadi tumbal ben Pandhawa menang 

Kaya dene Antasena, Wisanggeni uga ora seneng nganggo basa krama. Beda karo Antasena kang lugu, Wisanggeni lantip lan ngerti sadurunge winarah


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org/

19 Maret 2014

Abimanyu

Abimanyu (Sangskreta Abhimanyu) iku sawijining paraga saka wiracarita Mahabharata. Dhèwèké putrané Arjuna lan Dèwi Wara Sembadra. Papan dunungé ana ing kasatriyan Tanjunganom iya Plangkawati.

Miturut tradisi India

Abhimanyu iku putra Arjuna karo garwané sang Subhadrā lan mula iku ditepungi mawa jeneng métronimik Saubhadra. Dhèwèké matèni Lakṣamaṇa, putrané Duryodhana ing dina kapindho Bhāratayuddha. Nanging ing dina kaping 13, dhèwèké dhéwé gugur. Abhimanyu iku bagus banget lan garwané yaiku Uttarā, putriné Ratu negara Wirāṭa. Putrané, sang Parikṣit bakal jumeneng dadi ratu ing Hastinapura.

Ing padhalangan, Abimanyu iku digambarké kadidéné satriya kang bagus citrané, alus budiné, nanging wataké getapan (gampang nesu) lan gampang mara-tangan.
Kaya ingkang rama, Abimanyu kondhang kadidéné satriya utama sing kuat tapabratané, mula Abimanyu klakon kasinungan wahyu-wahyu kanaréndran, kayata Wahyu Cakraningrat, Wahyu Widhayat, wahyu Antatwulan, lan sapituruté. manut wecaning déwa sapa sing kadunungan wahyu kasebut bakal bisa dadi naréndra gung binatara. Nanging Abimanyu ora nganthi klakon madeg ratu, jalaran dhèwèké gugur ing paprangan ing Tegal Kurusetra kanthi dikrocok gegaman lan dikroyok déning para Kurawa.

Dasanama

  • Angkawijaya
  • Partasuta
  • Sumbadraja
  • Aribawa
  • Jayamurcita
  • Arjunatanaya
  • Kiritiatmaja
  • Jaka Pengalasan
  • Wanudara
  • Pamulatsih
  • Banjaransari
  • Bimamanyu

Abimanyu nalika isih bocah

Nalika isih dadi bocah, Abimanyu klakon nyirnakaké nata ing Plangkawati, Prabu Angkawijaya lan patihé aran Jayamurcita, kang nduwé kekarepan arep nggarwa Déwi Wara Sumbadra kang wis diwengku garwa déning Arjuna lan peputra Abimanyu. Prabu Angkawijaya lan Jayamurcita tiwas saka tangané Abimanyu. Sukmané manjing ana ragané Abimanyu, lan negarané uga banjur dadi kasatriyané Abimanyu.

Abimanyu dhaup

Abimanyu pisanan dhaup karo Dèwi Siti Sundari (Siti Sendari), putriné Prabu Sri Bathara Kresna ing Dwarawati. Dadi Abimanyu iku putra mantuné Prabu Kresna. Sabanjuré kanthi sesidheman uga krama antuk Déwi Utari, putriné Prabu Matswapati ing Wiratha, patutan siji asma Radén Parikesit iya Paripurna kang ing tembéné jumeneng nata ana negara Ngastina sabubaré perang Baratayuda kanthi jejuluk Prabu Kresnadwipayana, (nunggak semi karo jejuluké ingkang éyang buyuté, Abiyasa iya Wiyasa).

Guguré Abimanyu

Ing Perang Baratayuda, Abimanyu bisa klakon mbedhah gelar perang Cakrabhyuha, sing dipandhégani Pandhita Durna nadyan akhiré gugur kanthi tatu arang kranjang amarga diranjap gegaman marang Kurawa. Mula lakon Abimanyu gugur uga asring karan "Ranjapan Abimanyu Gugur" kang pancèn ngeres-eresi.

Abimanyu lan Lesmana mati sampyuh

Ing peperangan, Abimanyu wis tatu arang kranjang lan katon tanpa daya, nanging isih tetep maju. Lesmana Mandrakumara iya Raden Sarojakusuma (putrané Prabu Duryudana, nata Ngastina) kang kepingin mrejaya Abimanyu, banjur maju nyaketi karo nggawa keris ligan. Keris iku arep kanggo nyuduk Abimanyu, nanging kurang prayitna. Abimanyu tetéla isih nggagem keris Kyai Pulanggeni. Lesmana namaké kerisé marang Abimanyu kang njalari tumekèng pati. Nanging sadurungé sukmané oncat saka ragané, Abimanyu uga kasil nyuduk Lesmana Mandrakumara nganggo Pulanggeni nganti Lesmana tumekaning pati. Kekaroné mati sampyuh. Weruh Lesmana Mandrakumara mati, Jayadrata (bapa pamané Lesmana) ngepruk sirahé Abimanyu kang wis tanpa daya nganggo gada Kyai Glinggang saéngga musthakané ajur mumur. Abimanyu gugur ing madyaning rananggana. Para Kurawa surak ambata rubuh. Goteking wong akèh sing matèni Abimanyu iku Jayadrata iya Tirtanata.

Sawisé Abimanyu gugur

Udan tangis para pepundhén Pandhawa. Arjuna sumpah, yèn dina iku uga ora bisa matèni Jayadrata, dhèwèké luwung lampus dhiri. Déning para Kurawa Jayadrata diumpetaké ing gedhong waja. Dijaga rapet, pamrihé supaya aja nganti bisa dipatèni déning Arjuna lan Arjuna dhéwé supaya klakon "tata glondhong" lampus dhiri kanthi cara pati obong. Nanging bab iku diwuningani Prabu Kresna (botohé Pandhawa). Jayadrata dipancing murih ngungak kahanan njaba liwat jendhéla. Ya nalika Jayadrata anguk-anguk liwat jendhéla kuwi, Arjuna nglepasaké jemparingé Kyai Sarotama. Ngenani janggané jayadrata saéngga tugel thel lan sirna margalayu.
Saguguré Abimanyu, Dèwi Siti Sendari nedya bela pati, ambyur ing pancaka utawa tumangan. Déné Dèwi Utari sing nalika iku nembé mbobot sepuh wijining calon ratu tlatah Jawa isih bisa digondhéli déning para pepundhèn.

Serat kasusastran Jawa klasik

Serat Wirayawita

Salah sijining wohing kasusastran Jawa klasik kang nyritakaké guguré Abimanyu pengawak kusuma kang wedi wirang wani mati iki, yaiku serat Wirawiyata. Serat arupi tembang sinom puniki anggitané pujangga kaloka Mangkunegara IV.
Cuplikan tembang sinom iku mangkéné : "Déné kadi Sang Partasuta, Bimanyu kala tinuding, Mangrurah kang gelar cakra, Dening Sang Yudhistira ji, Sukaning tyas tan sipi, Dupi rinoban ing mungsuh, Kesthi trahing satriya, Wedi wirang wani pati, Yekti mangku tamsiling para prawira".
Kaya kawuningan, isining Serat Wirawiyata anggitané Mangkunegara IV iku pancèn arupa piwulang bab kaprajuritan.

Serat Tripama

Yoganira kang para prajurit, lamun bisa anuladya, duk ing nguni caritané, andel ira Sang Prabu Sasrabahu ing Maèspati, aran Patih Suwanda, lalabuhanipun, kang ginelung triprakara, guna kaya purun ingkang den antepi, nuhoni trah utama
Liré lalabuhan triprakawis, guna bisa sanès kareng karya, binudi dadya unggulé, kaya sayektinipun duk bantu prang Manggada nagri, amboyong putri domas katur ratunipun, purue sampun tetéla, aprang tanding lan ditya Ngaka nagri, Suwanda mati ngrana
Serat Tripama uga nyiratakaké bab guguré para paraga wayang lan nyeritakaké tuladha kang becik saking para paraga wayang: Arjuna Sasrabahu, Patih Suwanda (Bambang Sumantri), lan Kumbakarna.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org

Antasena

Antaséna utawa uga sinebut Anantaséna. Teges tembung ananta yaiku tanpa wates déné sena yaiku njaga, nguwasani, kang mimpin.
Ing pedhalangan gagrag Jogjakarta, Antaséna iku anak ragilé Bima/Werkodara. Ibuné Dèwi Urangayu, putriné Hyang Mintuna (déwaning iwak ing banyu tawa) ing Kisiknarmada (muarané Gangga karo Serayu). Wiwit lair urip bareng karo ibu lan éyangé. Ing gagrag Surakarta, Antaséna kuwi asma liyané Antareja (anak pembarepe Werkudara).
Ing wayang, Antaséna iku kasatriyané ing Selamirah iya Randhugumbala. Garwané sesilih Dèwi Jenakawati, putriné Janaka/Arjuna. Satriya iki uga raket karo wuragilé Arjuna, Wisanggeni.
Antaséna ora naté gelem nganggo basa krama, jujur, prasaja, lan kendel. Gandhèng ibuné urang, awaké kebak sisik kang ora mempan déning gaman. Kadigdayané ana ing sungut mawa upas kang mapan ana sangisoré irung karan sungut upas warayang lan pengantèn lan nduwé aji-aji Cupu Maduséna sing bisa nguripaké wong kang mati ing njaba takdiré.

Nalika Perang Baratayudha arep diwiwiti, Antaséna ngadhep Sanghyang Wenang. Sanghyang Wenang sabda yèn Antaséna kepengin Pandhawa menang, satriya iki kudu ora mèlu perang. Antaséna nyaguhi kekarepané déwa. Sanghyang Wenang njaluk supaya Antaséna ndeleng netrané. Suwé-suwé awaké Antaséna dadi cilik lan banjur muksa.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org

Antareja


Antareja iku putra pembarepé Raden Werkudara Bima patutan seka Dewi Nagagini, putriné Sang Hyang Anantaboga, déwaning taksaka (ula) kang mapan ing Kahyangan Saptapratala.
Umumé crita-crita pedhalangan ngandhakaké yèn putrané Raden Werkudara kuwi ana telu, yakuwi Antareja, Gathutkaca, lan Antaséna. Raden Antareja kasatriyané (papan dunungé) ana ing Jangkarbumi. Garwané asma Dewi Ganggi, atmajané Prabu Gangga Pranawa, ratu taksaka ing Tawingnarmada. Miturut padhalangan gagrag Surakarta, putrane Antareja iku arané Danurwendha, nanging yen miturut padhalangan Yogyakarta arané Raden Puspadentha. Ing pagelaran wayang kulit, kerep muncul bebarengan karo Raden Irawan (putra Arjuna).

Kasektèn

Raden Antareja kondhang digdaya, bisa ambles bhumi, ngambah njero lemah mula yèn perang menangan. Mauné ana ngarepé mungsuh, merga ambles bumi bisa mak bedunuk metu ing samburiné mungsuh, terus ngantem utawa nyembur saka mburi. Kasektèn liyané, ing rananggana kalis ing pati. Matiya sedina ping pitu, yèn isih kambon lemah, bali urip manéh. Gandheng eyangé iku déwaning ula, mula Antareja uga ndarbéni upas (basa Indonesia: bisa) cacah telu, yakui upas Anta, upas Warayang lan upas Pengantèn. Kasiyaté upas bisa kanggo nambani wong lara, kanggo matèni mungsuh lan nguripaké wong mati sing durung tekan mangsané. Kasekten liyané, Antareja ora tedhas ing saliré gegaman merga ing sajroning kulit sajabaning dagingé nganggo sangsangan Nagakawaca, saka tilas plungsungané Sang Hyang Antaboga. Mula yèn Antareja nuju nesu, sarirané katon ana sisiké emas. Ing wayang gagrag Jawa Timuran, yèn nesu malah rainé malih dadi ula, lan awaké metu sisiké.
Kaya Gathutkaca, nalika isih bayi, Antareja uga wis tau dadi jagoné para déwa, mungsuh ratu ula Prabu Nagabagindha lan patihé aran Rupatala saka negara jangkarbumi. Iku gara-gara ratu ula kuwi kepingin mengku widadari Bathari Superti sing wis kagarwa Hyang Antaboga lan peputra loro Dewi Nagagini lan Bambang Nagatatmala. Kekarepané Prabu Nagabagindha mua mesthi waé ditolak marang para déwa, saéngga nuwuhaké peperangan ing Repatkepanasan. Para dewa padha kasoran, banjur mintasraya marang Sang Hyang Antaboga. Prabu Nagabagindha nuli campuh bandadyuda lumawan Hyang Antaboga. Anggoné perang nganthi suwé banget, ora ana sing kalah-ora ana sing menang. Saka pamrayogané Bathara Naradha, déwa ngajokaké jago anyar, yakui bayi putrané Dewi Nagagini sing nembé dilairaké. Sadurungé diajokaké ana paprangan, bayi dilumuri iduné Hyang Anantaboga supaya ora tedhas gegaman. Tekan paprangan, bayi Antareja kuwi banjur dicandhak, dibanting, diidak-idak lan dicokot déning ratu ula mau, nanging tetep teguh timbul, dalasan tambah gedhé-tambah gedhé. Nagabagindha lan patih Rupatala akhiré malah tiwas ing tangané satriya putrané Werkudara iku. Sukmané Prabu Nagabagindha lan Rupatala manjalma ana anggané Antareja, ndadekaké saya sektiné satriya iki. Déning Bathara Guru banjur kaparingan asma Anantaraja iya Anantareja utawa Antareja. Lan negara Jangkarbumi banjur kaparingaké marang Raden Antareja minangka kasatriyané, uga kalilan asmané nunggak semi marang Prabu Nagabagindha lan Rupatala. Mula Antareja uga banjur kerep karan Radèn Nagabagindha utawa Raden Rupatala.

Patiné Antareja

Antareja pancèn kondhang satriya sing sekti, jalaran mung kanthi ndilat tilas tepaké sikil waé, mungsuhé bisa mati. Kasektèn iki kang gawé Prabu Kresna mikir supaya Antareja ora susah mèlu Bharatayuddha jalaran yèn nganti mèlu perang ora wurung para Kurawa bisa mati mung mungsuh Antareja. Mula sadurungé perang gedhé kuwi diwiwiti, Antareja kudu disingkiraké luwih dhisik kanthi dikon ndilat tilas tapakané dhéwé. Ya mesthi waé Antareja uga banjur mati. Kuwi pungkasané Antareja urip ing jagad marcapada.
Ing pedhalangan gagrag Surakarta, Antareja uga sinebut Antasena. Ing gagrag Jogjakarta, Antareja béda karo Antasena.

Sumber : http://jv.m.wikipedia.org


Gathotkaca


Gathotkaca utawa Gathutkaca iku sawijining paraga wayang Mahabharata. Dhèwèké putrané Wrekodara.
Gathotkaca kang kondhang kanthi sesebutan "Satriya Pringgodani" lan "Alap-alap Pringgodani" kuwi, nalika isih jabang bayi jenengé Tetuka utawa Tutuka. Gathotkaca kuwi putrané Radén Werkudara (satriya Panenggak Pandhawa) patutan klawan Dèwi Arimbi, putrané Prabu Tremboko, ratu buta ing negara Pringgodani. Sekawit Arimbi iku uga wujudé buta wadon (raseksi), nanging bareng didandani déning Dèwi Kunthi terus malih dadi kenya sing sulistya. Mula Werkudara iya Brataséna uga banjur gelem ngepèk bojo Arimbi.
Bareng wis suwé anggoné jejodhoan, Arimbi banjur nggarbini lan sabanjuré mbabar putra kakung wujud bayi manungsa setengah buta. Déning ingkang éyang, Abiyasa, jabang bayi Tetuka banjur diparingi "topeng" aran topeng waja kang mapan ana sajroné kulit sajabaning daging. Kanthi topeng waja iku, Gathotkaca malih dadi satriya kang bagus citrané. Nuli déning ramané, Brataséna, jabang Tetuka banjur kaparingan kekasih Radén Gathotkaca, kersané Radén Werkudara kinarya pepenget duk nalika tandhing pupuh klawan Prabu Arimba (kangmasé Dèwi Arimbi) kang kekaroné padha ngetog kekuwatan lan kadigdayan.
Tembung gathotkaca tegesé kumpuling kasantosan. Nalika lairé, nganti umur nembelas dina puseré jabang Tetuka ora bisa ditugel nganggo lelandhep wujud apa waé. Naning wusanané puser mau bisa pugut (tugel) srana wrangkané Senjata Kuntha Wijayadanu (Kunta Druwasa) duwèké Radén Suryatmaja iya Adipati Karna nalika isih enom. Lan kaélokané, wrangka Senjata kuntha mau manjing ing puseré Gathotkaca, satemah muwuhi kasantosané Gathotkaca, Senadyan mengkono, bab iku uga dadi pengapesané Gathotkaca. Mula samangsa perang ngadhepi manungsa kang darbé Senjata Kunta Wijayadanu, Gathotkaca kudu ngati-ati. Sebab yèn nganti senjata Kunta dilepasaké, Gathotkaca mesthi mati. Nuhoni unen-unen "Pusaka manjing Wrangka".
Lairé Gathotkaca ngepasi karo dumadiné ontran-ontran ing kayangan Jonggringsaloka.Para déwa padha kocar-kacir amarga diamuk déning Prabu Kala Pracona, ratu buta ing negara Ngembatputihan kang arep njaluk bojo widodari. Nanging panjaluk sing ora samesthiné iku diduwa (ditolak) déning para Déwa saéngga ndadèaké peperangan. Para déwa padha keplayu banjur golèk "pintasrayan" menyang negara Ngamarta (Amarta). Tekan negara Ngamarta bayi Gathotkaca ( Jabang Tetuka) kang lagi umur nembelas dina iku banjur diampil Bathara Narada, digawa menyang kahyangan, didadèkaké jagoné para déwa, dimungsuhaké Prabu Kala Pracona lan Patihé Apraceka Ditya Kala Sekiputantra sawadyabalané. Sadurungé diajokaké ana paprangan bocah sing lagi lair iki banjur dijedhi (dijenang) ana ing Kawah Candradimuka lan para déwa didhawuhi déning Bathara Guru (tetungguling para déwa) supaya nlorongaké gegaman kahyangan kang mawa pamor. Wasana bareng jabang Tetuka metu sak sajroné kawah Candradimuka wus ora wujud bayi maneh, nanging wujud jejaka tumaruna, wus ngagem busana kasatriyan. Ya iki sebabé Gathotkaca banjur sinebut :satriya babaran kahyangan" Déning Bathara Guru, Gathotkaca banjur pinaringan pusaka kanggo sipat kandel anggoné ngadhepi mungsuh yakuwi kotang antrakesuma, caping basunanda, lan tlumpah padhakacerma.
Nalika maju ana paprangan, tandangé Gathotkaca cukat trengginas, wusana Prabu Kala Pracona sawadyabalané padha mati kabèh. Sasirnané Prabu Kala Pracona, Gathotkaca banjur dijumenengaké nata ana ing kahyangan Tinjomaya saumuré jagung kanthi jejuluk Prabu Guruputra.
Ing Perang Baratayuda Gathotkaca gugur merga kena panah Kuntawijayandanu kagungané Adipati Karna. Panah kang diuculké kuwi jan-jané ora tekan merga Gathotkaca aburé wis ana sadhuwuré méga sam pitu, ning banjur dicandhak lan disurung déning yitmané Ditya Kala Bendana, bapa-pamané Gathotkaca kang wis tiwas merga ditempiling déning ponakané iku, saéngga Gathotkaca gugur ana madyaning paprangan. Kuwandané Gathotkaca kumléyang saka gegana nibani krètané Adipati Karna nganthi ajur sewalang-walang. Péranganing Baratayudha, Gathotkaca Gugur sumbaga wiratama, karan lakon "Suluhan" amarga dumadiné perang ing wayah bengi.

Dasanama

Dasanamané Gathotkaca iku miturut padhalangan yaiku:
  1. Kacanegara
  2. Jabang Tetuka
  3. Purubaya
  4. Bimasiwi
  5. Arimbiatmaja
  6. Kancingjaya
  7. Krincingwesi
  8. Guritna
  9. Guruputra
  10. Suryanaradha

Bojo lan Anaké

Gathotkaca banjur dadi raja ing Pringgondani. Garwané raja enom iku ana telu, yakuwi:
  1. Dèwi Sumpani utawa Dèwi Sumpaniwati, peputra Raden Arya Jayasumpena.
  2. Dèwi Pregiwa, putriné Raden Arjuna kang banjur peputra Raden Sasikirana.
  3. Dèwi Suryawati, peputra Raden Suryakaca.
Ing sendratari, Gathotkaca asring katon ing Gathotkaca Gandrung. Tari iki nggambarké nalika Gathotkaca wuyung marang Pregiwa.

Gaman lan Aji-Ajiné

Gathotkaca kondhang sektiné. Aji-ajiné:
  • Narantaka = daya khasiyaté yèn ditamakaké gunung bisa jugrug lan segara bisa asat. Jalma manungsa kang ketaman aji Narantaka sanalika bisa ajur-mumur kuwandané tan-kena kinukup.Iya aji Narantaka iku kang kinarya nyirnakaké Raden Dursala kang dadi senapatiné para Kurawa.
  • Aji-aji Esmu Gunting kang daya kasektené yèn matèni mungsuh, Gathotkaca kanthi cara mancat pundhak lan nguntir guluné mungsuh nganti tugel.
  • Kotang utawa Klambi Antrakusuma daya kasektèné: Gathotkaca bisa mabur utawa ngambah gegana kanthi rikat banget (kebat pindha kilat, kesit pindha tathit).Mula Gathotkaca uga banjur kajibah njaga katentraman negara Ngamarta saka dirgantara (yèn jaman saiki Gathotkaca kuwi kadidéné Angkatan Udhara). Iki uga dadi pralambang ing kaprajuritan, amarga sedulur liyané, Antareja lan Antasena kejibahan njaga dharatan lan laut.
  • Aji Brajadenta. Brajadenta asliné pamané dhéwé, nanging banjur manuksma mlebu ing èpèk-èpèké Gathotkaca sing sisih tengen.
  • Aji Brajalamatan. Brajalamatan uga jenengé pamané. Nalika palastra, Brajalamatan manuksma ing tangan kiwa Gathotkaca.
  • Aji Brajamusti. Brajamusti iku uga pamané. Nalika palastra manjing ing tangan tengené.
  • Aji Brajawikalpa. Kaya aji-aji liyané, Brajawikalpa kuwi seka pamané dhéwé kang manjing dadi rajah ing geger.
Para pamané kang dadi aji-ajiné, mauné mbrontak ing Pringgondani nanging bisa ditumpes déning Gathotkaca. Ana salah sijining pamané kang mbela Gathotkaca, yaiku Kalabendana. Nanging Kalabendana iku jujur, lan sawijining dina dipatèni déning Gathotkaca amarga ngomong sanyatané ngenani Abimanyu. Crita iki ana ing lakon Gathotkaca Sraya.

Ing Bharatayudha


Ing Bharatayudha, Gathotkaca bisa matèni Dursala, anaké Dursasana. Raja Pringgondani iki pancen ora bisa dipatèni nganggo gaman, kejaba mung panah Senjata Kunta. Nalika nugel ari-ariné, sarung Senjata Kunta kéri ana ing awaké Gathotkaca, mlebu ing wudel. Gathotkaca mati déning Adipati Karna kang dibiyantu déning Kalabendana. Pamané iki wis janji ora arep munggah swarga tanpa bareng ponakan kang paling disenengi. Crita Gathotkaca Gugur klebu crita sing miris lan kebak adhegan perang kang apik.


Sumber : http://jv.m.wikipedia.org